PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen cacahe rong gatra (larik). Larik sepisan minangka parikane, larik kapindho dadi isine. Lan, guru lagune parikan iku padha. 

ning bumi panas hawane
bu darmi ayu pasuryane

            mas jaka lara untu
            bahasa jawa bahasaku

mlaku-mlaku tuku beras
ayu-ayu ora waras

            ono kethek kecebur kalen
            ketimbang golek mendingan balen

ning kudus suwe tekane
wong bagus becik lakone

            ono kancil dioyak singo
            yen seneng lak ngomongo

wawan mangan kolang-kaling
kolang-kaling rasane pero
awan bengi terus eling
sing di eling ra rumangsa

            lola nonton wayang golek
            nontone karo bayu
            ora menopo rupaku elek
            sing penting uwes payu

dude menyang ndlanggu
nyang ndlanggu tuku bayem
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe ayem

            pit-pitan menyang sela
            baline nyang kedung ombo
            yen kwe pancen tresna
            ndang cepet lak nembungo

plesir ning surabaya
mulihe tuku kaca
yen pengen di percaya
aja seneng ngapusi kanca

            pak lurah tuku kayu
            tukune karo pak bayan
            kowe pancen ayu
            ananging kok geleman

gedhang goreng enak rasane
sing nggoreng ibune made
aja ndelok saka rupane
ndeloko saka atine

            awan-awan ngombe jamu
            sorene mangan rujak
            apa gunane sugeh ilmu
            yen lakone ora bijak

ana lemut ning nduwur gapura
yen aku luput nyuwun ngapura


0 komentar:

Posting Komentar

leave a comment