Cerita Cekak

  


1. Guru

Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru.
"Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu.
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr.
Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru bantu nggawé paguyuban.
"Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså, månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama "mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh bakalé piyé durúng ngêrti..
Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru bantu.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab pêngalaman dadi guru ora akèh.
"Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?" pitakónku.
"Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak," mêngkono wangsulané.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya umur kur-kuran.
Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké.
"Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêraké, tulúng Pak yå?" mêngkono kandhané Bu Tutik.
Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå ora naté nolak ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús tanpå ånå bab síng mênjilå.
"Pak Múl, jaré kåncå-kåncå guru bantu pådhå arêp dhémonstrasi nyang kantór? Bênêr?" mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah rådå kagèt.
"Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?" aku malah gênti takón.
"Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak Panjênêngan dudu aku. Aku múng krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå yå kuduné Njênêngan síng nlusúr".
"Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu diparingi ngêrti. Aku tak nggolèki kåncå liyané" wangsulanku cêkak karo klincutan.
Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. "Piyé jaré arêp dhémo, kapan, nyang ngêndi Kar?" pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå kuliyah biyèn.
"Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng pacaran, mulå ora ngêrti kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar bénto Múl," ngono wangsulané karo mêncêrêng.
"Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå múng mulang tók. Ora pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku ngêsír murid waé lupút. Hahaha," wangsulanku karo ngguyu.
"Ra guyón Mul. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan, bakal nêmahi cilåkå. Pókóké ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané guru yèn tumindaké kåyå mêngkono. Kêjåbå siswå liya sêkolah sak karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp nggrudúg têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús nyang balaikota. Ngurús nasíb. Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh êntèk kontraké åpå têrús kón nganggúr manèh. Wís kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå tênaga kóntrak síng biyèn. Tau tå ånå kamra kóntrak, banjúr bubar, akèh síng strès ånå síng édan." kandhané Karnó kåyå pêmimpín síng durúng naté dadi.
"Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé pêrnyataan piyé?"
"Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh kudu têkå. Banjúr nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan, kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók sarjana kók ra mudhêngan ki piyé." Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané.
"Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús nuntút piyé?" pitakónku manèh.
"Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn Múl, rungókna yå. Awaké dhéwé ki kóntrak, yå kudu têrús. Sabanjuré pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké dhéwé yå kabèh guru bantu dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting. Kuwi pókók sing kudu dipêrjuangké sampai kapanpun." Kandané Karnó makantar kantar.
Têkan dinå sing wís disarujúké kabèh guru bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan K.
"Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh kudu pådhå ngêrti lan kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå, yaiku kêpada gêmpa lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti, liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu," mêngkono pidhatoné Képala Dinas P dan K.
Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora ngêrti kahanané bångså. Liyané pådhå sêngsårå malah nyaru wuwús njalúk wêrnå wêrnå. Ééé kók yå kêbangêtén.
Sawêtara sêpulúh mênít ora ånå síng mangsuli. Kêpala Dinas mlêbu kantóré manèh, lan kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít.
"Ooh guru, iki nasibku." Múng kuwi batinku.
::Dening: T Suwarto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id



2. Jodho

Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal sêsandhingan saklawasé urip.
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
"Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!" Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.
"Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang agêng nêmbé sékolah."
Prasasat ånå lindhu gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh layang såkå Martónó iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng sak kandhang rainé kêluwargané Pak Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé gampang pêrcåyå ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané. Ånå síng lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå ora sêthithik kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila ngrumangsani yèn ora manút karo wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah, têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå.
Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané. Prawan sak umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp, kamångkå umuré durúng gênêp patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. "Sêlak kiamat lho, kapan anggónmu arêp ningkahan?"
Ånå síng nyêmóni liyå manèh "Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?"
Ugå ånå síng nyêmóni, "Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!"
Kabèh pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan nganti têkan sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi golèk pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang.
Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné Jammila. Ora pisan ora pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau.
Bapak ciliké Jammila kang ånå Jakarta nyarujuki mênåwå Jammila arêp mèlu dhèwèké.
Ora nganti gantaran sasi, Jammila wis olèh pênggawéyan ånå sakwènèhing pabrik. Dhasar pênggawéyané srêgêp túr sékolahé yå lumayan dhuwúr, lulusan D3, sakliyané iku yå pancèn Jammila iku ayu praupané, mula kariêr yå têrús munggah. Wêktu têlúng tahún anggóné nyambút gawé rasané kåyå dhèk wingi waé. Praståwå síng nggawé wirang kabèh kêluwarga wis dilalèkaké.
Saiki Jammila wis nduwé têtêpungan priyå síng kênå dipêrcåyå bêbudéné. Anggóné nlêsih-nlêsihaké calón bojoné iki nganti têkan asal-usulé, åjå nganti kêdadéyan kang wis kêpungkúr nêmahi manèh. Priyå mau tunggal kabupatèn níng bédå kêcamatan. Priyayiné solèh rådå antêng sithik, cêkêl gawé pisan lan umur-umurané yå sak pantaran. Wulan Dulhijah kang arêp têkå bakal dirêsmèkaké, malah yèn ditlusur-tlusur sårå silahé isíh tunggal mbah canggah såkå Bu Hartówiyónó.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, síng dhèk êmbèn kêlårå-lårå kêwirangan, saiki wís nêmu êmas sak gênthóng, sakliyané kêtêmu jodhoné ugå biså nglumpúkaké balúng pisah.
Nangíng lêlakón yèn durúng tutúg iku yå ånå waé sêbab musababé. Sêwulan sakdurungé rêncana ijab kabúl lan pahargyan, Mas Hardi, ora liyå yå calón bojoné Jammila kondúr mênyang ndésa sak pêrlu nganakaké pêrsiapan ubå rampéné ningkahan.
Yå amúng têkan sêmono sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa.
Dhúh.... Gústi Allah paringånå iman ingkang kiyat lan manah ingkang sabar, mêngkono pênyuwunané Jammila rinå lan wêngi. Anggóné ngadhêpi pacoban mau kanthi ditåmpå ati kang iklas lan sabar, wís dadi nasibé yèn isíh kudu uríp ijèn, mulå ora sawêtara suwé Jammila wís biså nglalèkaké kêdadéyan mau. panguripané diênggo nyambút gawé pinångkå ngibadah marang Gústi Allah, blanjané kang gêdhé kanggo mbantu ponakan-ponakan síng ånå ndéså. Malah saiki anèng omahé ngopéni salah sijiné ponakan kang diangkat minångkå anak pupón. Íng sakjêroné ati kåyå-kåyå wís ora kêpingin omah-omah, jalaran yuswané saiki wís ngancik sêtêngah abad punjúl sêthithik.
Karêpé Jammila, sakliyané biså mbantu bocah mau, é... mbókmênawa ing têmbé mburiné bésúk bocah mau bisa dikóngkón njupúkaké banyu yèn dhèwèké wís tuwå ora biså gêmragèh.
Iku mau karêpé Jammila, nanging Gústi Allah nduwèni rêncana liyå. Mbúh kêpriyé larah-larahé, Jammila wís ora kélingan, nalikå ånå sakwènèhé kanca nyambút gawéné têkå ngomahé Jammila nêpúngaké pawóngan sêtêngah tuwå síng wís dhúdhå, Jammila gêlêm diajak têtêpungan.
Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh, nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji.
Rinå lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké panuwún marang Gústi Allah. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, makapíng-kapíng, tanpå watês nganti lambéné klómóh.
::Déníng: Sumèdi::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id
 

leave a comment