Atur Pambagya Temanten

Assalammu'alaikum Wr. Wb.
Inggih kawilujengan, karahayon, kaslametan saha kanugrahaning Gusti mugi tansah lumintu dhumateng ngarsa panjenengan sami.
Bapak Ibu tamu undhangan ingkang kula bekteni, sumangga kita tansah ngunjukaken pujo lan puji syukur wonten ngersa dalem Gusti Allah, inggih kanthi rohmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya saengga kita saged pepanggehan wonten ing pasamuan pahargyan menika kanthi slamet lir ing sambikala.
Salajengipun kepareng matur dhumateng panjenenganipun Bapak Bupati, Kepala Daerah Kabupaten Klaten injih menika Bapak Sunarna SE, M.Hum. ingkang satuhu kula kurmati.
Dhumateng para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah satuhu luhuring budi, semanten ugi para tamu undhangan ingkang tansah kinurmatan.
Saestu kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun pideksa wonten ngarsa panjenengan sami injih boten sanes minangkani mundhi dhawuh panjenenganipun Bapak Ibu . . . . Kula wonten ngriki sepatah dados sulih sarira atur basa ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan sami, sepindah Bapak . . . . kanthi bombonging manah ngaturaken panuwun ingkang ageng sanget saha ngaturaken atur pambagya harja sugeng rawuh jengandhika.
Salajengipun dipunsekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pawiyatan ing siang punika. Menggah mekaten pungkasane atur kawula hambok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan kirang mranani ing penggalih, saestu kula pribadi nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.

leave a comment